Geguritan Basa Jawi



                                                                                                Nanda Pratiwi / XI IPS 2 /21

DINA IBU 22 DESEMBER
                                                                                                            Dening : Geger Hs

Dina iku
Aku  kelingan panjenengan neh
Panjenengan isih gawang-gawang
Rikala menggeh menggeh
Perang sabil ngetokake aku
Anggonmu toh pati
Dina iku
Aku kelingan neh
Rikala aku nyebelke panjenengan
Ora nurut apa kang kinersa
Bangkit nyekleke nala
Ananging panjenengan tetep wae nyepura
Lan lila

Dina iku
Aku kelingan panjenengan neh
Rikala panjenengan aprasapa
Ngedegke gendera biru
Puguh nedya ngentas arume balamu
Ben kajen keringan
Lan gawe erring kang ngunaneni
Ibu… Ibu …Ibu…
Terus nedya tak pacak tekan kapan
Ben ora layu. Amin



Kaanggit dening : Kalawarti  Panjebar Semangat No. 52 – 26 Desember 2009

instagram  : @nandaprt
twitter : @nandapratiwi_1

Komentar